Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 73.682 artikel
Drumblèk ya iku drumbèn tradhisional kang asalé saka Kutha Salatiga. Drumblèk dadi salah sawijining kagunan gubahan kang ana ing tataran bebrayan, mliginé kanggo bebrayan ing Kutha Salatiga tumeka saiki. Jinis musik iki pancèn ora mlebu golongan musik kang lumrah jalaran pirantiné kajupuk saka barang-barang tilas. Nanging, lumantar owah-owahan barang-barang kasebut didadèkaké piranti musik kang aèng kaya salumrahé. Kagunan drumblèk luwih difokuské kanggo musik kang ditabuh ing jaban, kaya ta ing lapangan, sadawaning dalan, lan dilakokaké kaya déné drumbèn. Tembang-tembang kang ditembangaké déning drumblèk uga kapétung akèh wernané, ya iku saka tembang-tembang dolanan, tradhisional, nganti tembang pop kang wis ginubah manut piranti musik drumblèk. Kagunan iki diwiwiti déning Didik Subiantoro Masruri amarga wragad kang mèpèt kanggo tuku piranti drumbèn nalika Désa Pancuran, Kalurahan Kuthawinangun Lor, Kacamatan Tingkir, Kutha Salatiga arep mèlu ngramèkaké fèstival Ambal Warsa Kaping-41 Républik Indonésia ing taun 1986. (Waca candhaké)
Aja Nyuplik Saka Wikipédia! (2020) iku buku babaran Wikimédia Indonésia kang ngrembug babagan olèh orané nyuplik informasi saka Wikipédia, carané nulis ing Wikipédia, lan ngrembakakaké Wikipédia. Buku lelahanan iki bisa diwaca vèrsi digitalé ing Wikisumber utawa PDF-é ing Wikimédia Commons.
Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 62.818 akun lan 73.682 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!
- 1936 - Orientalis Walandi, Snouck Hurgronje, ahli babagan donya Arab lan Islam, wafat ing yuswa 79 taun.
- 1997 - Ahli matematika Amérika Sarékat, Andrew Wiles, dipunanugerahi Penghargaan Wolfskehl saksampunipun mecahaken Teorema Pungkasan Fermat.
- 2000 - Pramoedya Ananta Toer dipunsebataken minangka panampi hadiah utama Penghargaan Kebudayaan Asia Fukuoka ka-11.
- 2001 - Presiden Abdurrahman Wahid lan Perdana Menteri Australia John Howard pinanggih ing Canberra, kanggé ndandosi hubungan bilateral.
🔥 Top keywords: Wikipédia:PendhapaSurat Adh DhuhaSurat Al QadrPerang Donya IIMirunggan:GolèkOlga LydiaKategori:ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮAksara CarakanWikipédia:Sélakan umumAdjie MassaidWikipédiaWikipédia:SesambunganPitulung:IsiReza ArtameviaSMK Negeri 2 BloraSukalila, PathiAngelina SondakhWikipédia:BabAlina KukushkinaKategori:Aksara CarakanGapura:PaguyubanRandy PangalilaSepongWikipédia:Sugeng rawuhWikipédia:Wara-waraMirunggan:Owahan anyarWikipédia:AngkringanJavaScriptProyek:PrakawisDhomain publikꦈArané pérangan awakSurat As SajdahCumbanaCithakan:Country data JepangWikipédia:Bak wedhiWunguIndhonésiaUranus