Harry S. Truman

Présidhèn Amérika Sarékat kaping 33

Harry S. Truman (lair ing Lamar, Missouri 8 Mèi 1884, lan tilar donya ing Kansas City, Missouri tanggal 26 Dhésèmber 1972) inggih punika Présidhèn Amérika Sarékatkaping 33 (taun 1945 ngantos dumugi taun 1953).[2] Saderengipun Truman gadhah kalungguhan minangka Wakil Présidhèn Amérika Sarékat Amérika Sarékat.[2] Panjenenganipun nggantosaken Franklin D. Roosevelt amargi tilar donya.[2]

Harry S. Truman
Harry S. Truman


Masa jabatan
12 April 1945 – 20 Januari 1953
Wakil PresidenTidak Ada (1945-1949)[1],
Alben W. Barkley (1949-1953)
SadurungéFranklin D. Roosevelt
PenggantiDwight D. Eisenhower

Masa jabatan
20 Januari 1945 – 12 April 1945
PresidenFranklin D. Roosevelt
SadurungéHenry A. Wallace
PenggantiAlben W. Barkley

Mangsa jabatan
3 Januari 1935 – 17 Januari 1945
SadurungéRoscoe C. Patterson
PenggantiFrank P. Briggs

Lahir8 Mèi 1884
Lamar, Missouri
MeninggalDhésèmber 26, 1972(1972-12-26) (umur 88)
Kansas City, Missouri
KebangsaanAmérika
Partai politikDhémokrat
Suami/IstriBess Wallace Truman
AnakMary Margaret Truman
PekerjaanPengusaha kecil
Petani
AgamaGréja Baptis
Tanda tanganHarry S. Truman's signature

Nalika panjenenganipun njabat présidhèn ingkang kaping kalihipun, Truman gadhah wakil présidhèn Alben W. Barkley. Truman punika asalipun saking Parte Dhémokrat Amérika Sarékat.[2]

Wekdal Harry S. Truman njabat dados présidhèn wonten prastawa ingkang awrat kados:

Wekdal alitipun

besut

Harry S. Truman dipunlairaken ing praja Missouri ing tanggal 8 Mèi1884. Panjenenganipun ageng ing kutha Independence, Missouri.

Wiwitan karieripun

besut

Nalika Perang Dunia I Truman tindak dhateng Perancis minangka tamtama ingkang gadhah kalungguhan kapten. Sasampunipun wangsul inggih nalika taun 1919, panjenenganipun "nandur artanipun" wonten ing salah satunggalipun toko perusahaan pakaian, nanging usahanipun boten kasil.Wekdal mudhanipun, Truman sengkut banget kaliyan Parte Dhémokrat.

Harry S. Truman mangun bale wisma kaliyan Bess Wallace nalika tanggal 28 Juni 1919, lan pikantuk satunggal putri. Nalika samanten panjenenganipun kalebet tiyang tani ingkang makmur sadangunipun kalih welas taun. Taun 1922 Truman kapilih minangka jaksa laladan, sanajan panjenenganipun sanès ahli ing bab ukum. Kanggé ngicali kekiranganipun punika, Truman ndhèrèk kuliah dalu wonten ing salah satunggalipun Sekolah Ageng Hukum sadangunipun kalih taun.

Nalika Perang Dunia II, panjenenganipun dados Ketua Panitia Penyelidik Perang ing Senat, ingkang nalisir pamborososan arta kagunganipun nagari lan korupsi. Kinten-kinten nalika Truman njabat kalungguhan punika, panjenenganipun sampun nylemetaken arta nagara kathahipun 15 milyar dollar.

Masa kepresidenan

besut

Taun 1944, Harry Truman dados wakil presidenipun Franklin Roosevelt.[3]Nalika Présidhèn Roosevelt tilar donya tanggal 12 April 1945, lajeng Harry s. Truman dipundadosaken présidhèn.[3] Minangka présidhèn, Harry S. Truman sampun naté mendhet sawatawis kaputusan ingkang awrat tumrap sajarah. Sasampunipun Jerman saged dipuntelukaken wonten ing Perang Dunia II, Amérika Sarékat saged mendésak Jepang supados nyerah, nanging Jepang boten kersa nyerah.[3] Sasampunipun musyawarah kaliyan sadaya penasihatipun, Présidhèn Truman paring dhawuh supados kutha-kutha ing Jepang ingkang gadhah usaha perang dipunserang kemawon, kados kutha Hiroshima lan Nagasaki. Sasampunipun kutha-kutha dipunbom kanthi bom atom lajeng Jepang nembé kalah.[3]


Kang sadurungé
[[Roscoe C.

Patterson]]

SenatorAmérika Sarékat (Class 1) dari Missouri
1935– 1945
Kang sawisé
Frank P. Briggs
Kang sadurungé
Henry A. Wallace
Kandidat Wakil Présidhèn PartéDhémokrat
1944 (menang)
Kang sawisé
Alben W. Barkley
Kang sadurungé
Henry A. Wallace
Wakil Présidhèn Amérika Sarékat
20 Januari 194512 April 1945
Kang sawisé
Alben W. Barkley
Kang sadurungé
Franklin D. Roosevelt
Présidhèn Amérika Sarékat
12 April 194520 Januari 1953
Kang sawisé
Dwight D. Eisenhower
Kang sadurungé
Franklin D. Roosevelt
Kandidat Présidhèn PartéDhémokrat
1948 (menang)
Kang sawisé
Adlai Stevenson


Cathetan suku

besut
  1. Until the adoption of the Twenty-fifth Amendment to the United States Constitution in 1965, there was no provision for filling a mid-term vacancy in the office of Vice President. Find Law for Legal Professionals - U.S. Constitution: Twenty-Fifth Amendment - Annotations
  2. a b c d [1] dipunundhuh tanggal 30 Juni 2011)
  3. a b c d Harry S. Truman dipunundhuh tanggal 30 Juni 2011)

Pranala njawi

besut
Harry S. Truman