Intel Corporation punika perusahaan multinasional saha teknologi saking Amerika ingkang markas agengipun wonten ing Santa Clara, California, saha dipuninkorporasi ing Delaware.[1] Intel punika salah satunggaling perusahaan ageng ingkang ndamel cip semikonduktor miturut pendapatan[2][3] saha nggadhahi peringkat ing daftar Fortune 500 minangka perusahaan Amerika Serikat ingkang ageng piyambak miturut pendapatan kirang langkung sadasa taun, saking taun fiskal 2007 ngantos 2016, ngantos dipunicalaken saking peringkat ing taun 2018.[4] Ing taun 2020, perusahaan punika dipunwangsulaken malih ing peringkat saha pikantuk peringkat 45, minangka perusahaan teknologi ingkang kaping 7 agengipun ing peringkat punika.

Intel Corporation
Intel
FormerlyNM Electronics/
MN Electronics (1968)
TypePerseroan Terbuka
Industry
FoundedJuli 18, 1968; 55 taun kapungkur (1968-07-18)
Founders
Headquarters,
U.S.
Key people
Frank D. Yeary (chairman)
Pat Gelsinger (CEO)
Products
Websiteintel.com

Intel ndamel mikroprosesor kangge kathah pabrik sistem komputer, saha minangka salah satunggaling pangembang saking seri instruksi x86 ingkang dipunpanggihaken ing kathah komputer pribadi (PC). Perusahaan punika ugi memproduksi chipset, kontroler antarmuka jaringan, memori flash, unit pemrosesan grafis (GPU), field-programmable gate array (FPGA), saha piranti sanes ingkang gegayutan kaliyan komunikasi saha komputasi. Intel gadhah peran ingkang kiyat ing pasar PC umum saha gaming kanthi performa inggil ngginakaken barisan CPU Intel Core, ingkang model inggil-inggilipun kalebet CPU konsumen ingkang paling cepet, sarta seri GPU Intel Arc, saha nyeponsori Intel Extreme Masters, satunggaling seri turnamen esports internasional. Open Source Technology Center ing Intel ngadahi PowerTOP saha LatencyTOP, sarta nyengkuyung proyek open source sanes kadosta Wayland, Mesa, Threading Building Blocks (TBB), saha Xen.[5]

Intel (Integrated electronics) dipunmadegaken ing tanggal 18 Juli 1968, dening pelopor semikonduktor Gordon Moore (saking hukum Moore) saha Robert Noyce, sarta investor Arthur Rock, saha gegayutan kaliyan kepemimpinan eksekutif saha visi saking Andrew Grove.[6] Perusahaan punika minangka komponen kunci ing pertumbuhan Silicon Valley minangka pusat teknologi inggil, sarta minangka pangembang awal saking memori chip SRAM saha DRAM, ingkang nyekapaken kathah bisnisipun ngantos taun 1981. Sanajan Intel nggawe cip mikroprosesor komersial ingkang sepisan ing donya ing taun 1971, nanging boten ngantos kasuksesan PC ing awal 1990-an ingkang ndadosaken bisnis utamanipun.

Nalika 1990-an, kemitraan antawisipun Microsoft Windows saha Intel, ingkang dipunwastani "Wintel", dados faktor kunci ing mbentuk lanskap PC[7] saha memperkuat posisi Intel ing pasar. Minangka asil, Intel investasi kathah ing desain mikroprosesor enggal ing pertengahan ngantos akhir 1990-an, nyengkuyung pertumbuhan cepet ing industri komputer. Nalika periode punika, perusahaan dados pemasok dominan mikroprosesor PC saha dipuntepang kanthi taktik ingkang agresif saha anti-kompetitif kangge mempertahankan posisi pasaripun, mliginipun nglawan AMD, sarta ugi berjuang kaliyan Microsoft kangge ngontrol arah saking industri PC.[8][9]

Wiwit taun 2000-an saha mliginipun akhir 2010-an, Intel ngadhepi persaingan ingkang saya ageng saking AMD, ngantos nyebabaken mudunipun ingkang signifikan ing dominasi saha pangsa pasaripun ing pasar PC.[10] Nanging, kanthi pangsa pasar 68.4% ing taun 2023, Intel taksih mimpin pasar x86 kanthi margin ingkang wiyar.[11]

Sitiran

besut
  1. "10-K". 10-K. Diarsip saka asliné ing November 28, 2019. Dibukak ing June 1, 2019.
  2. Vanian, Jonathan. "Samsung Dethrones Intel As World's Biggest Chip Maker". Fortune. Diarsip saka asliné ing July 29, 2017. Dibukak ing September 17, 2017.
  3. "Intel 2007 Annual Report" (PDF). Intel. 2007. Diarsip (PDF) saka asliné ing February 5, 2018. Dibukak ing July 6, 2011.
  4. "Fortune 500 Companies 2018: Who Made the List". Fortune (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka sing asli ing Novèmber 10, 2018. Dibukak ing Novèmber 10, 2018.
  5. "What is 01.org?". 01.org. July 13, 2012. Diarsip saka asliné ing April 25, 2013. Dibukak ing March 8, 2013.
  6. "Intel Corp $2,500,000 Convertible Debentures" (PDF). Stanford Law School. 2020. Diarsip (PDF) saka asliné ing June 3, 2023. Dibukak ing June 3, 2023.
  7. Tilley, Aaron. "The End Of Wintel: How The Most Powerful Alliance In Tech History Is Falling Apart". Forbes (ing basa Inggris). Dibukak ing 2024-02-14.
  8. Goodin, Dan (September 23, 1998). "Microsoft's holy war on Java". CNET. Diarsip saka sing asli ing January 16, 2013. Dibukak ing November 18, 2018.
  9. Lea, Graham (December 14, 1998). "USA versus Microsoft: the fourth week". BBC News. Diarsip saka asliné ing March 3, 2004. Dibukak ing January 7, 2008.
  10. Tarasov, Katie (2022-11-22). "How AMD became a chip giant and leapfrogged Intel after years of playing catch-up". CNBC (ing basa Inggris). Dibukak ing 2024-02-15.
  11. Szewczyk, Chris (2023-08-15). "Intel retakes some CPU market share from AMD as CPU shipments tick upwards". PC Gamer (ing basa Inggris). Dibukak ing 2024-02-17.