Kacang ijo

Kacang Ijo
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Plantae
Dhivisi:Magnoliophyta
Klas:Magnoliopsida
Ordho:Fabales
Famili:Fabaceae
Génus:Vigna
Spésies:V. radiata
Jeneng binomial
Vigna radiata
(L.) R. Wilczek
Sinonim
  • Azukia radiata (L.) Ohwi
  • Phaseolus abyssinicus Savi
  • Phaseolus aureus Roxb.
  • Phaseolus aureus Wall.
  • Phaseolus aureus Zuccagni
  • Phaseolus chanetii (H.Lev.) H.Lev.
  • Phaseolus hirtus Retz.
  • Phaseolus novo-guineense Baker f.
  • Phaseolus radiatus L.
  • Phaseolus setulosus Dalzell
  • Phaseolus sublobatus Roxb.
  • Phaseolus trinervius Wight & Arn.
  • Pueraria chanetii H.Lev.
  • Rudua aurea (Roxb.) F.Maek.
  • Rudua aurea (Roxb.) Maekawa
  • Vigna brachycarpa Kurz
  • Vigna opistricha A.Rich.
  • Vigna perrieriana R.Vig.
  • Vigna sublobata (Roxb.) Babu & S.K.Sharma
  • Vigna sublobata (Roxb.) Bairig. & al.</ref>

|synonyms_ref = [1]}}

Kacang ijo kang ing Basa Indonésia diarani kacang hijau kalebu salah sawijining jinis polong-polongan.[2] Sanajan regané murah, pranyata akèh zat gizi lan antioksidan kang migunani kanggo kasehatan.[3] Zat kang ana ing kacang ijo ya iku protéin, kalsium lan fosfor, vitamin B1, vitamin B2, Vitamin É, zat besi, lan magnésium.[3]

Kandutan

besut

Kacang ijo lan kecambahé dadi panganan sing duwé mupangat gedhé kanggo awak amarga kacang ijo duwé dat-dat kaya ing ngisor iki.[4]

  • Protein dhuwur. Protein sing ana ing kacang ijo nganti 24%.
  • Kalsium lan fosfor sing wigati kanggo nguataké balung.
  • Rendah lemak. Lemak sing ana ing kacang ijo yakuwi 73% asam lemak tak jenuh lan 27% asam lemak jenuh.
  • Vitamin B1 sing wigati kanggo nyegah lelara beri-beri lan apik kanggo pertumbuhan.
  • Vitamin B2 sing wigati kanggo penyèrapan protéin
  • Vitamin E kanggo ngundhakaké kesuburan[5]

Kandhutan sing ana ing kacang ijo per 100 gram ya iku:[6]

Kasiyat

besut

Ora kaya janganan liya sing saya suwé digodhog kasiyaté saya mudhun.[7] Kacang ijo ora ngalami prakara sing kaya mangkono.[7] Kasiyaté kacang ijo isih tetep sanajan digodog terus=terusan.[7]Macem-macem kasiyat kacang ijo ya iku bisa nguwataké balung, bisa kanggo nambani lelara beri-beri, TBC, kukul, flék ireng ing kulit, lsp.[7]

Jinis

besut

Ing ngisor iki ana 11 jinis ramuan kacang ijo kang apik kanggo kaséhatan.[8]

Nglancaraké seniBahan: 30 gram kacang ijo, 30 gram godhong séndok, 400 cc banyu, madu sacukupé

Cara gawé:1. Godhog kacang ijo lan godhong sendok ing banyu kanthi ukuran 400 cc.2. Masak nganti mateng.3. Ademké, tambahi madu sacukupé.4. Ombe teratur nganti uyuh lancar menéh.

Lara wetengBahan: 60 gram kacang ijo mentah, 15 wiji merica, 3 gram kayu legi, 3 gram pala, 3 gram kapulaga, 3 gram cengkèh, 2 ruas jahe, 1 liter banyu.

Cara gawé:

  • Godhog kacang ijo, merica, kayu legi, pala, kapulaga, cengkèh, lan jahe ing saliter banyu.
  • Godhog nganti dadi 1/2 liter.
  • Ademké banjur diombé.

Biang keringat anak-anakBahan: 60 gram kacang ijo, 50 gram krokot, banyu sacukupé.

Cara gawé:

  • Giling utawa deplok kacang ijo nganti dadi bubuk.
  • Godhog bubuk kacang ijo karo krokot.
  • Sawisé mateng, saring, banjur ombé sadina ping telu.

UdunBahan: 50 gram kacang abang, 50 gram kacang ijo, 50 gram kacang ireng, 2 ruas jahé, madu sacukupé.

Cara gawé:

  • Godhog kacang abang, kacang ijo, lan kacang ireng bareng.
  • Jahe digodhog, nanging didhéwékaké.
  • Banyu godhogan jahé dicampur godhogan kacang-kacangan mau.
  • Ramuan iki kanggo udun sing durung mateng. Yén udune wis mateng kudu ditambah madu.

Ngundakaké gairah séksual wong lanang.Bahan: 30 gram kacang ijo, 2 ruas jahé, 15 gram merica, 15 gram adas, 15 gram pulosari, 15 gram kucai, 15 gram biji paria, 15 gram biji ketumbar, 600 cc jahe

Cara gawé:

  • Godhog kacang ijo bebarengan karo jahé, merica, adas, pulosari, biji kucai, biji paria, lan wiji ketumbar karo banyu 600 cc.
  • Digodhog nganti dadi setengahé (300 cc).
  • Diombé sawisé adem.

Rambut RontokBahan: Sagenggem kacang ijo, sagelas belimbing banyu

Cara gawé:

  • Kacang ijo digodhog. Gatékaké nalika nggodhog, kacang aja nganti pecah.
  • Yèn wis rada mateng lan ora pecah, angkat.
  • Sawisé adem, banyu godhogan minangka mbasuh kulit sirah karo dipijeti.
  • Dijarké nganti garing, lagi dkeramas.

MaagBahan: 1/4 kg kacang ijo, banyu anget sacukupé

Cara gawé:

  • Kacang ijo dipémé nganti garing banjur dideplok nganti alus.
  • Jupuk saséndok bubuk kacang ijo.
  • Kacang ijo mau dijéri banyu anget sagelas.
  • Ombe sadina pisan kanthi teratur.

VarisesBahan: Sagenggem kacang ijo, 2 gelas banyu

Cara gawé:

  • Kacang hijau digodhog karo 2 gelas banyu. Dijarké nganti susut dadi sagelas.
  • Ombe sadina ping pindho, ésuk karo nalika arep turu.
  • Saliyané ngombé ramuan mau uga prelu nglakoni hal iki, nalika arep turu, angkat sikil lan dokok ing panggon sing luwih dhuwur saka sirah nganti 10 menit.

Bayi DemamBahan: 1 cangkir kacang ijo, sasendok makan madu

Cara gawé:

  • Gawé godhogan kacang ijo.
  • Wénéhi saséndok madu ing kacang ijo sing wis didokok ing gelas.
  • Dulangaké banyu godhogan kacang ijo.

Sirah LaraBahan: 1 cangkir kacang ijo, 3 gelas banyu

Cara gawé:

  • Kacang ijo dikumbah banjur digodhog karo 3 gelas banyu nganti umub. Dijarke nganti 15 menit.
  • Nalika isih anget, banyuné diombe lan kacange dipangan sadina ping loro.

Sariawan lan béri-béri

  • Ombé kacang ijo saben ésuk. Kandungan vitamin banyu kacang ijo bisa ngundakake daya tahan awak. Angete bisa ngademke tutuk lan tenggorokan.

Pranala njaba

besut
  • "mung bean Vigna radiata". Sistem Informasi Taksonomi Kaintegrasi.
  • "mung bean Vigna radiata var. radiata". Sistem Informasi Taksonomi Kaintegrasi.

Cathetan suku

besut
  1. "The Plant List: A Working List of All Plant Species". Diarsip saka sing asli ing 22 January 2019. Dibukak ing 13 January 2015.
  2. carahidup.um.ac.id Archived 2011-01-29 at the Wayback Machine.(diakses pada tanggal 22 maret 2011)
  3. a b web.ipb.ac.id Archived 2011-11-08 at the Wayback Machine.(diakses tanggal 22 maret 2011)
  4. jawaban.com(diakses tanggal 20 April 2011)
  5. NOVA[pranala mati permanèn](diakses tanggal 20 April 2011)
  6. 88db.com[pranala mati permanèn](diakses tanggal 20 April 2011)
  7. a b c d Kompas.com Archived 2016-03-05 at the Wayback Machine.(diakses tanggal 20 April 2011)
  8. waspada