Kucing asia

Jeneng liya Malaya kucing

Kucing Asia
313x313px
Asalpra=|tepi|Bendera Inggris dikembangake ing Inggris
Standar ras
WCFclass="external text" href="http://www.wcf-online.de/WCF-EN/standard/shorthair/asian.html Archived 2019-04-27 at the Wayback Machine." rel="mw:ExtLink" | standar Archived 2019-04-27 at the Wayback Machine.
Kucing domestik ( Felis catus )
Gambar Kucing Asia

Kucing Asia (uga dikenal minangka kucing Malaya ), yaiku salah sawijining kucing sing padha karo kucing kucing Burma, nanging nduwèni werna lan werna bulu.[1] Variasi saka kucing asia sing asalé awaké diarani kucing wulu setengah dawa . Kucing asia pisanan dikembangaké ing Inggris .Banjur nganti saiki wis sumebar ing kabèh benua.

Asal

besut

Kucing-kucing asia dikembangaké ing Inggris . Miwiti karo kucingé sing gedhéné ing taun 1981 déning Baroness Miranda von Kirchberg.

Gambaran

besut

Katon

besut

Kucing asia yaiku kucing ukuran sedhengan kanthi awak . Kucing asia duwé dhadha, bunder lan sikil cilik. Buntuté lurus lan rada dawa. Sirahé bunder, mripaté amba lan wernané kuning.[2]

Pola wulu lan werna

Salah sawijining kucing asia werna asap lagi lungguh.

Kucing Asia duwèni wulu cendhak lan alus banget. Kucing asia yaiku kucing wulu cendhaksing diklasifikasiké ing 4 variasi béda, yaiku Asia dhéwé (kalebu bombay ), tabi asia, asap asia, lan Burmilla .

Temperamen

besut

Kucing asia yaiku kucing sing disenengi lan disayangi, kaya adhiné saka Burma ( Myanmar ), yaiku ras burma . Kucing asia kucing sing duwé rasa penasaran lan seneng minangka njelajah omah. Kucing Asia uga nduweni kekarepan sing kuwat. Kucing iki kerep seneng lelungan yén dijupuk metu saka omah. Kucing Asia duwe swara sing sero. tumindaké kucing iki mèh padha karo kucing burma. Kucing asia iku kéwan sing gampang bergaul lan gampang adaptasi karo wong asing. Kucing iki uga sok-sok ramah marang wong asing.

Kesehatan lan perawatan

besut

Lingkungan

besut

Beda marang kucing liyané, Kucing asia luwih apik diopèni ing apartemen, utamané yèn kang duwèni mènèhi omah tanduran sing aman lan ora beracun ing cedhak jendhéla, amarga kucing iki seneng lumaku-lumaku. Nanging, luwih apik yèn kucing asia mung bisa manggon ing apartemen, ora seneng manggon ing kutha sing rame utawa gedhé. Kucing asia ora seneng swara sero saka mobil, bis utawa trek. Lan kucing asia iki yaiku kucing sing ora seneng manggon ing kutha.

Openan

besut

Kanggo njaga wulu sing resik lan mengkilat, wong kang duwèni kucing asia bisa nindakaké kanthi amung ngusap wuluné nalika nggaret nganggo gombal flanel, sarung tangan utawa kulit. Kucing iki kudu disikat seminggu sepisan. Supaya ora kena penyakit jamur lan tuma sing asring banget nyerang kucing-kucing omahan. Supaya bisa tambah apik lan sehat wuluné bisa diwènèhi shampo anti jamur minangka lagi ngedusi. Nutrisiné uga perlu dijaga, ora kena mangan saksaké mergané ora kabèh sing bisa dipangan kucing kuwi apik kanggo kesehatané.

Kawarasan

besut

Kucing asia yaiku kucing sing duwèni umur dawa lan sehat, kanthi sawatara masalah kawarasan. Ananging wong kang ngopeni kucing iki tetep kudu nggatèkaké resiké awak lan kandhang kucingé, ora mung gelem duwèni waé. Yèn kucinge ketara reget lan wulune wis ora apik manèh, nanging ora wani ngedusi dhéwé, bisa digawa menyang salon kewan peliharaan.

Ciri Khas

besut

Ciri Khas saka kucing asia beda-beda. Kucing asia iku kucing sing duwèni mata werna biru, ijo utawa kuning. Wernané wulu iku padhet (utawa polos), tanpa bintik putih utawa garis , lan nduwèni buntut sing béngkok lan cendhak.

Rujukan

besut
  1. Siegal, Mordecai (1983). Simon & Schuster's Guide to Cats. Simon & Schuster. ISBN 0671491709.
  2. "Asian Breed Standaards". World Cat Federation. Diarsip saka sing asli ing 7 October 2011. Dibukak ing 26 April 2014.

Pranala njaba

besut

Deleng uga

besut
  • Kucing Burma
  • Chantilly
  • Bulu kucing wulu setengah panjang asia