Park Yong Ha

Park Yong Ha
Park Yong-ha
GénrePop, K-Pop, J-Pop
Pakaryansinger, actor
PirantiVocals
Mangsa akarya1994–2010
Park Yong Ha
Hangul박용하
Hanja
Alihaksara Koréa Kang SinampurnaBak Yong-ha
McCune–ReischauerPak Yongha

Park Yong-ha (lair ing Seoul, 12 Agustus 1977 – pati ing Seoul, 30 Juni 2010 ing umur 32 taun) ya iku penyanyi lan aktor Koréa Kidul.[1]Dhèwèké dikenal dadi penyanyi sukses lan aktor kang ngasilaké pirang-pirang album lan single.[1]Lagu-laguné mau ora mung dirilis ing Koréa nanging uga ing Jepang, di gawangi agen 2 ya iku Yona Entertainment ning Koréa lan Up-Front Agency ing Jepang.[1]Sawisé karir kang gemilang mau, Park tinemu ninggal dunya déning ibuné ing omahé.[1]Penyebabé diperkiraké kerana bunuh diri. dhèwèké tinemu nggantung nggunakaké kabel charger camcorder.[1]

Ing sajarah Kariré, diwiwiti taun 1994 wektu dhèwèké nggabung ana ing drama THEME THEATER.[1]Banjur taun 2002 jeneng Park banjur wiwit kondhang ing masarakat Asia amarga peran kang dilakoni ing drama serial kondhang WINTER SONATA bebarengan karo Bae Yong Joon lan Choi Ji-Woo.[1]Banjur taun 2003 dhèwèké miwiti karir dadi penyanyi.[1]Salah siji saka laguné kang judhulé Just For Yesterday dadi soudtrack ana ing dramaALL IN kang dibintangi Lee Byung Hun lan Song Hye Kyo.[1]Laguné uga ana kang dadi hit manggon ing posisi paling nduwur tangga lagu Oricon, Say Goodbye.[1]

Dhèwèké uga tau dadi modhel kanggo toko bébas béya Lotte bareng Rain.[1]Banjur vakum kurang luwih 5 taun suwené.[1]Dhèwèké wiwit aktif manèh nalika mainaké peran ing drama-drama Koréa, kaya ta ing drama serial kaya ON AIR, THE SCAM, lan THE SLINGSHOT.[1]

Wara-wara babagan ninggal donyané aktor Koréa Kidul, Park Yong Ha dadi berita heboh kanggo para penggemaré.[2][2]Bintang filem kang kondhang iki tinemu wis ora ana nyawané ing kamaré dhéwé.[2]Ibu aktor/penyanyi iki kang nemu dhèwèké ninggal nggantung diri karo kabel elektrik.[2]Sadurungé ninggal donya, ora ana tanda-tanda kang ngiringi Park mungkasi uripé.[2]

FILMOGRAFI

besut

Drama serial

besut

Serial drama kang tau dibintangi Park Yong Ha[1]:

  • WHAT A TOUGH WOMAN (1997)
  • MORE THAN LOVE
  • SNOWFLAKES (2001, KBS)
  • SOMUN (2001)
  • SUNFLOWER (2000)
  • WINTER SONATA (2002, KBS)
  • LOVING YOU (2002)
  • TOKYO WANKEI (2004)
  • ON AIR (2008)
  • THE SLINGSHOT (2009)

Film

besut

Film-filem kang tau dibintangi Park Yong Ha[1]:

  • IF IT SNOWS ON CHRISTMAS (1998)
  • ALTHOUGH IT IS HATEFUL AGAIN 2002 (2002)
  • THE SCAM (2009)

DISKOGRAFI

besut

Diskografi déning Park Yong Ha[1]:

  • DEAR LOVE
  • I LOVE YOU SO MUCH
  • JUST FOR YESTERDAY
  • PARK YONG HA I MISS YOU VERY MUCH

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p Biografi Park Yong-Ha dipununduh tanggal 14 Agustus 2011
  2. a b c d e Park Yong Ha Sempat Memijat Kaki Ayahnya dipununduh tanggal 14 Agustus 2011