Piagam ASEAN

Piagam ASEAN iku anggaran dhasar tumrap Perhimpunan Bangsa-bangsa Asia Tenggara (ASEAN). Dhokumèn iki wis diadopsi sajeroning KTT ASEAN angka 13 ing Singapura, November 2007 lan wiwit lumaku tanggal 15 Dhésèmber 2008.

Sacara formal, rencana panyusunan draf dipratélakaké ing KTT ASEAN angka 11 sasi Dhésèmber 2005 ing Kuala Lumpur. Sabanjuré, sepuluh tokoh wigati ASEAN sakasaben nagara anggota (karan ASEAN Eminent Persons Group; Indonesia diwakili déning Ali Alatas) dipatah ngrumusaé naskah rekomendasi kanggo piagam iki. Sajeroning KTT ASEAN angka 12 ing Cebu, Filipina, Januari 2007, sawatara proposal dhasar dipaparaké marang publik. Sawetara iku, para pamimpin ASEAN sarujuk kanggo gawé "tim kerja tingkat tinggi kanggo ngrumusaké Piagam ASEAN" sing anggotané ana sepuluh utusan tingkat senior pamaréntah. Tim iki ketemu kaping 13 sajeroning taun 2007. Sajeroning prosès iki kawicaksanan "ora campur tangan" ("non-interference policy") sing dadi ciri khas ASEAN ora dadi pathokan wigati manèh lan diusulaké gawé badan urusan HAM.

Ratifikasi Piagam ASEAN

besut

Naskah Piagam ASEAN wis disarujuki taun 2007 ing Singapura lan ditapakasmani déning kabèh kepala papréntahan nagara-nagara anggota. Supaya Piagam ASEAN sing pisanan iki lumaku lan ngiket, wis disarujuki supaya kasepuluh nagara anggota kudu ngratifikasi sadurungé pelaksanaan KTT ASEAN angka 14 ing Chiang Mai, Thailand. Piagam iki nembé bakal lumaku 30 hari sawisé "Instrumen Ratifikasi" angka 10 diserahaké marang Sekretaris Jenderal ASEAN (Dr. Surin Pitsuwan).

Tanggal 21 Oktober 2008 kabèh nagara anggota wis ngratifikasi piagam iki, kaya kacetha ing tabel ngisor iki.

Nagara AnggotaTanggal Ratifikasi
olèh Pamaréntah
Panyerahan
Instrumen Ratifikasi
Disetujoniidéning
Singapura 18 Dhésèmber 20077 Januari 2007Nayakotama
Brunei Darussalam31 Januari 200815 Fèbruari 2008Sultan
Malaysia14 Fèbruari 200820 Fèbruari 2008Mantri Luar Negeri
Laos14 Fèbruari 200820 Fèbruari 2008Nayakotama
Kamboja25 Fèbruari 2008[1]18 April 2008Majelis Nasional
Vietnam14 Maret 200819 Maret 2008Mantri Luar Negeri
Myanmar21 Juli 200821 Juli 2008[2]Mantri Luar Negeri
Thailand16 September 2008[1] 14 November 2008[2]Parlemen
Filipina7 Oktober 2008[3]12 November 2008[2]Senat
Indonesia21 Oktober 2008[4]13 November 2008[2]DPR

Cathetan sikil

besut

Pranala njaba

besut