Surat An Nur

an-Nur
Informasi
MaknaCahya
KlasifikasiMadaniyah
Surat ka24
JuzJuz 18
Statistik
Gunggung ruku'9 ruku
Gunggung ayat64 ayat

Surat An-Nur (basa Arab:النّور) iku surat angka 24 sajeroning al-Qur'an. Surat iki dumadi saka 64 ayat, lan éwoning surat Madaniyah, utawa surat kang tumurun ing Madinah. Dijenengaké An-Nur kang tegesé Cahya kang dijupuk saka tembung An-Nur kang ana ing ayat ka 35. sajeroning ayat iki, Allah. njelasaké bab Nur Ilahi, yaiku Al-Quran kang ngandhut pituduh-pituduh. Pituduh-pituduh Allah iku, minangka cahya kang padhang njingglang madhangi alam semèsta. Surat iki sapérangan gedhé isiné ngamot pituduh- pituduh Allah kang magepokan karo soal kamasyarakatan lan rumah tangga.

Rujukan

besut
  • Mukaddimah Al Qur'an versi pertalan Departemen Agama Républik Indonésia