Uwa-uwa
Uwa-uwa iku kethèk sajroning kulawarga Hylobatidae. Kulawarga iki biyèn namung ngandhut génus siji waé, nanging saiki dipara dadi patang genera lan 18 spèsiès. Uwa-uwa iki urip ing alas tropis lan subtropis saka Banggaladésa wétan lan India lor-wétan menyang China kidul lan Indonésia (kalebu pulo-pulo Sumatra, Kalimantan, lan Jawa).
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/38/Hylobates_lar_pair_of_white_and_black_01.jpg/220px-Hylobates_lar_pair_of_white_and_black_01.jpg)
Uwa-uwa iki uga diarani hominoidéa cilik lan béda saka hominoidéa gedhé (simpansé, gorila, urangutan, lan manungsa) yèn ditiliki saka awaké, dimorfisme sèksual asor, lan ora nggawé susuh. Menawa ditilik saka anatominé, uwa-uwa sakilas luwih mèmper kethèk tinimbang hominoidéa gedhé, nanging mèmper kabèh hominoidéa, uwa-uwa ora nduwé buntut.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
🔥 Top keywords: Wikipédia:PendhapaSurat Adh DhuhaPerang Donya IIWikipédiaMirunggan:GolèkWikipédia:SesambunganEncyclopædia BritannicaSurat Al QadrPitulung:IsiGapura:PaguyubanSepongJavaScriptSurat As SajdahSurat Al 'AlaqMirunggan:Owahan anyarWikipédia:BabDavid HilbertWikipédia:Sélakan umumBarkas:Bai Xue.JPGWikipédia:Sugeng rawuhNatriyumKategori:Olah-olahan IndonésiaPythagorasMongoliaAstatinAdjie MassaidLeonhard EulerPallywoodSandi morseAmateur Night (filem)Nomenklatur binomialPierre de FermatGrup musik KoilWikipédia:AngkringanIndhonésiaKartiniDiana PungkyAvril LavigneAlina Kukushkina